Sabtu, 26 September 2015

Materi geguritan




       Guritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga guritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
§ Carane nulis geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan,
§  Titikane geguritan :
* Ora kawengku ing pathokan
* Migunakake tembung-tembung kang pinilih
* Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
* Isine mentes
§  Guritan iku dibedakake dadi 2, yaiku :
*    Guritan kuna
*    Guritan anyar/ geguritan
§   Dene guritan kuna nduwe pathokan :
*   Diwiwiti tembung sun gegurit
*   Cacahe wanda saben sagatra padha
*   Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
§  Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :
*   Cacahe gatra tanpa wilangan
*   Cacahe wanda saben gatra uga bebas
*   Tibane swara uga ora digatekake
*   Mentingake pemilihane tembung kang mentes
*   Ora nganggo tembung sun gegurit
          Tuladha geguritan
                                                                      KESISIH
          Mlipir-mlipir golek dalaan pinggir
          Merga tengah kebak malaa mbludak banjir
          Jebul malah sida kesingkir
          Saka gelagate urip sing ndhoyong kenthir
                    Pengine ngoyak becik nadyan sethithik
                    Ngupaya apik najan dadi wong cilik
                    Ning kok malah akeh sing serik
                    Jare merga mbedani, ora rempeg ora becik

         Lha wong cilaka kok ajak-ajak
         Kulak  mala nganggo golek bala
         Kaya malaikat bisa didhemo wae
                      Lelakone Nuswantara kok saya anah
                      Menawa sambat ora pantes
                      Yen ora samabat ning ati nggrantes
         E ..... kadang-kadangku sing krungu swaraku
        Mung nyumbang sembur kanggo nyambung sedulur
        Nadyan rung pantes aweh pitutur
        Anggep wae padha-padha  keblasuk ing paran
        Melu rembug urun omongan
        Ayo bali ngundhuh dhawuhe sepuh
        Dimen Nuswantara tetep utuh
        Nuswantara bakal kuncara yen manungsane
        Padha tumata
        Nuswantara tetep digdayayen wargane taat agama
                                                          Purwanto, November 2008 : Setyawan Dwi Hartanto

tugas bahasa Jawa 2015/2016



Geguritan
Tahajud
Dening M.M. Bhoernomo

Sajadah warisane ibu kang tansah gumantung ing centhelan
Kumlebat kena panyuntake kipas angin
Setya nggugah ngorok sesengguran
Kalela-lela impen katalompen
Hawa ankles wiwit rumesep
Aku ndhedhepe karep
Dosa-dosa iki kudu walaka marang sapa
Marang saben ngaling-alingi
Dosa-dosa kang tansah dakjumputi dakcelengi
Ing sepine wengi
Ora ana sapa-sapa
Ing telenge ati
Aku bisa walaka
Sajadah warisane ibu kang tansah gumantung ing centhelan
Kumlebat nuduhake cathetan-cathetan
Saka sajadah tansah daksimak
Panyendhu saha penyurunge ibu
Kang tansah nyuntak-nyuntak

Tulisen geguritan iku kanggo aksara jawa!
Dikempalake sakderenge UTS.
Kanggo kertas HVS, tugas Individu.

Senin, 14 September 2015

UTS Basa Jawa 2015-2016




YAYASAN PONDOK PESANTREN LOHJINAWI ( YPPLJ )
SMK  ISLAM MAHKOTA AL-MUNAWAROH
                        status Terdaftar
SK kepala dinas dikpora no. 420/01853/2013
Alamat : jl lohjinawi  dermasuci - pangkah - tegal
telp.( 0283) 3307344
 
SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER
LEMBAR SOAL
Mata Pelajaran
: Bahasa Jawa
Hari/Tanggal
:   
Kelas
: XI ( Sebelas)
Waktu
:


I.     Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
1.      Sesorah ing basa Indonesia diarani....
2.      Ukara “kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula nyuwun pangapunten”, kasebut....
3.      Sesorah tunggal utawa sesorah sing  ora kudu ana wangsulane kasebut....
4.      Biasane sesorah iku diucapake ana ing acara....
5.      Sesorah pamangku gati iku kagolong sesorah....
6.      Isi puji syukur dhateng Gusti, lan atur panuwun dhateng para tamu ingkang sampun kersa rawuh ing acara menika yaiku urut-urutaning sesorah bab....
7.      Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan, yaiku....
8.      Sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara menapa kemawon, ancase sesorah....
9.      Isinipun panyuwun lan pangajeng-ajeng saking tiyang ingkang kagungan kersa dhateng para tamu yaiku urut-urutaning sesorah bab....
10.  Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato, yaiku... .


II.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi jelas lan patitis!
1.      Sebutna lan jelasna ancase sesorah!
2.      Sebut lan jelasna jinising sesorah miturut gunane!
3.      Sebut lan jelasna kang kudu digatekake nalika atur sesorah!
4.      Sebutna kang ora kena ditindakake nalika sesorah!
5.      Ukara iki gantinen kanggo aksara latin